Rabu, 24 Oktober 2018

Pangestune Sim Mbah Kakung

Dialog dengan Mbah Prawiro Malam ini.

Lee  awakmu wis tau tawaf de Baitullah po Dhurung?

Alhamdulillah Sampun Mbah

Umrah po Kaji?
Nganu Mbah ..umrah pun, Kajine sing ge nabung mawon

Trus sampun katah Dungone lee?
Njiih mbah...dalem nganti nangis mbah
Kelingan sembarang lakon sing keleru sing pernah di dalani

Nyuwun Ngapuro sing katah ambe Gusti Allah sang pangeran mbah

Terus saben dino sholat ga lee?
leres Mbah...Ming Nganu Mbah kadang yo bolong bolong

Wonten Dungo sing munine "INNA SHOLATI WANUSHUKI WA MAA YAHYA WAMA MATI LILLAHI RABBIL ALAMIN"
Dungo sing awakmu njaluk Ngapuro lan pasrah ambe sing duwe jagat?

Wonten Mbah..wonten nopo Mbah?

Lee Simbahmu ki Dhurung tau nang Baitullah, awakmu Cah Bagus Putu Lanangku sing ta arep arep yen sisuk ne awakku sedo,kerep Dungakno aku.
Dungone anak sholeh jaminane sebagai pahala kanggo sing wis Sedo. Sambil matane simbah mereem nahan tangis.

Lereess Mbah, wonten nopo to mbah

Lee jo Nganti Pahala Ibadah Umrah lan pahala Ibadah Kajimu kuwi dadi kawus

Jo nganti Dongamu/Sumpahmu ambe Gusti Allah sing munine "INNA SHOLATI WANUSHUKI WA MAA YAHYA WAMA MATI LILLAHI RABBIL ALAMIN" awakmu pungkiri

Jo nganti pandangan Gusti Allah luput soko awakmu...eling lang wedi ambe Azab Allah

Mugo mugo Sim Mbah lan Awakmu ditemoake nang Jannah.

Illahi Anta Ma'shuudi
Laa illa Ha illa Anta

Yaa Allah Bihaa
Yaa Allah Bihaa
Yaa Allah Bii Khusnul Khatimah

Matur Suwun Mbah Prawiro
Jakarta, 3 Nov 2016


Tidak ada komentar:

Posting Komentar